Minggu, 15 Februari 2026

BULETIN SEKOLAH: SD Unggulan Muhammadiyah Pasuruhan

11

Edisi Khusus: Selasa Berbahasa Jawa – Nguri-uri Budaya, Mbangun

KarakterKUDUS — Basa Jawa minangka salah siji pusaka budaya sing kebak nilai luhur. Ing jerone, ana piwulang tata krama, unggah-ungguh, lan sopan santun kang wigati banget kanggo pambentukan karakter bocah. Minangka sekolah unggulan, SD Unggulan Muhammadiyah Pasuruhan netepi komitmen kasebut liwat program “Selasa Berbahasa Jawa”.

Apa Iku Selasa Berbahasa Jawa?

Program iki dudu mung sesrawungan biasa, nanging ajakan kanggo kabeh warga sekolah—guru, karyawan, lan siswa—supaya:

  1. Nggunakake basa Jawa nalika komunikasi ing lingkungan sekolah.

  2. Sinau bedane tembung ngoko lan krama supaya pas karo sapa sing diajak guneman.

  3. Nerapake unggah-ungguh utamane marang guru, kanca, lan wong tuwa.

Kegiatan lan Pasinaon

Saben dina Selasa, swasana sekolah dadi luwih “njawani”. Siswa ora mung sinau teori, nanging langsung praktik liwat:

  • Dialog cekak nganggo basa Jawa sing bener.

  • Maca crita rakyat utawa paribasan kanggo nambah wawasan.

  • Nembang lagu dolanan supaya swasana sinau dadi nyenengake.

“Ajining diri saka lathi, ajining raga saka busana.” (Regane wong katon saka omongane lan tumindake)

Pojok Kosakata (Kamus Cilik)

Ayo bocah-bocah, bareng-bareng dicoba digunakake saben dina ya!

  • Sugeng enjing: Selamat pagi

  • Matur nuwun: Terima kasih

  • Nyuwun sewu: Permisi / mohon maaf

  • Panjenengan: Anda (kanggo wong sing luwih sepuh)

Facebook Comments
error: Content is protected !!